Gerimis
Tengah Wengi
“Sekedhap malih Pak,” Wita
sumaur karo isih nerusake anggone nyuntak opo kang ono ing pikirane dadi
lukisan.
“Iki mono gambar opo to Nduk?”
Bapake nyedhak karo nyetitekake gambar kang meh wae rampung iku.
“Niki gambar abstrak Pak,
dadose nggih mboten sedaya mangertosi nopo isine,” Wita nyoba nerangake gambare
marang bapake.
Pak Hardi mung manthuk-manthuk
ngrungokake kang putri njelasake surasa ing lukisan kang mung isi garis-garis
lan maneka warna bentuk kang ora jelas kuwi.
Wita
pancen wiwit cilik seneng nggambar, jiwa seni kuwi sajake oleh saka ibune kang
wis tilar donya. Ing omahe akeh lukisan gaweyane kang ibu swargi ngrenggani
ruwang tamu, ruwang makan, lan kamar. Kamare Wita kang mawa cet warna ijo kuwi
mawa gambar kembang lan maneka wit-witan kaya taman kuwi yo gaweyane Wita lan
ibune rong tahun kepungkur sakdurunge ibune gerah. Lukisan ing tembok kuwi kang
ngancani Wita nalika dheweke kangen marang kang ibu. Mbiyen ibune asring
ngancani Wita nganti tengah wengi karo aweh saran murih gambare luwih apik
sinambi rengeng-rengeng nembang macapat.
Wektu
rong taun tanpa ibune dudu perkara gampang kanggo Wita lan bapake. Dino-dino
dilakoni kanthi ati kang tansah nelangsa nalika ibune wis ora ono nganti meh
wae Wita ora duwe semangat nerusake sekolahe. Senajan saben dino bapake tansah
ngelikake, nanging wektu semono atine during biso nrima takdire kang ibu
tinimbalan ngersane Gusti. “Wita dherek ibu mawon Pak…,” ukara kuwi kang tansah
dirungu Pak Hardi nalika nyoba aweh pangerten marang putrine. Bapake kanthi
tlaten ngancani Wita sing saben esuk mara ing makame ibune.
**********
“Wita pengin iki lho Buk,”
esuk-esuk Wita wis nuduhake gambar sepatu marang ibune kang lagi gawe sarapan.
Ibune mung mesem sinambi nerusake anggone olah-olah.
“Ngenjang Wita nderek nggih Bu
tumbas sepatune,”
“Wis sarapane cepet Wit, kae
lho bapak wis ngenteni, mundhut sepatune ora sah dipikir dhisik, mesti ibu karo
bapak bakal nuruti opo sing mbok pengini,” ibune ngrewangi Wita nyepakake
kothak kang isi wedang lan alat gambare Wita. Bu Nani rumangsa mongkok amarga
Wita arep melu lomba nglukis tingkat kabupaten dina kuwi.
“Ora usah kesusu anggone
nggambar lan aweh werno, disawang sing premati lan nganggo ati,” welinge ibune.
Anggone Wita melu lomba nglukis lumaku kanthi lancer,
didampimgi dening Pak Kusno minangka guru seni rupa lan dikancani dening bapake
ndadekake Wita atine ayem. Nanging nalika dheweke arep ngumpulake asil gambare,
ora ngerti kenang opo atine trataban lan ndadekake cet kang sacedhake wutah
nelesi rok kang lagi dienggo. Wita age-age ngejak bali bapake, ora nunggu
pengumuman asile lomba.
“Enggal wangsul mawon Pak,
Wita selak kepingin kepanggih Ibu,”
“Sik Wit, iki hapene bapak
geter, ono sing ngebel sajake,”
Wita ora ngerti sopo kang lagi
ngebel kuwi, nanging sajake ono bab kang wigati mergo bapake ketok ora jenjem
lan kuatir.
“Saking sinten Pak?” Wita
nyoba takon karo bapake.
“Seko kancane Bapak Wit, ayo
ndang cepet bali,” cekak aos Pak Hardi anggone mangsuli. Kaya ono bab kang abot
ono ing pikirane, nanging Wita mung biso mbatin.
“Niki badhe ten pundi Pak?”
Wita takon amarga bapake ora nuju maring arah bali. Sing ditakoni mung meneng
wae, malah anggone nggawa motor tansaya dibanterake.
Atine Wita tambah ora jenjem
nalika ngerti yen sing dituju dening bapake rumah sakit. Sapa kang lagi gerah
lan dirawat ing rumah sakit, kamangka dheweke wis ora duwe simbah. Sewu
pitakonan ngebaki ati lan pikirane kang melu mlayu ngetutake lakune bapake kang
sajak ora sronto anggone nggoleki pasien ing rumah sakit iku.
“Monggo Pak dipun aturi mlebet
kepanggih dokter,” sawijining perawat mapag tekane Pak Hardi.
“Maaf adiknya nunggu di luar
saja ya,”
Wita lungguh ing njaba
ruwangan amarga ora diparengake melu mlebu ruwang rawat.
Wita kang isih during ngerti
sopo kang lagi dirawat lan kenang opo kok bapake kang ditunggu dokter mung
manthuk lan lungguh ing kursi sanjabane ruwangan iku.
*************
Dino kuwi dadi dino kang pungkasan kanggone Wita ketemu
ibune. Dheweke ora biso ngampet tangise nalika ngerti yen kang ibu mentas
kecelakaan kang ndadekake ora sadhar. Kecelakaan kang dadi dalane ibune
kapundhut kang Maha Kuwasa nalika mulih seko pasar. Wita rumangsa salah amarga
ibune nang pasar saperlu nukokake sepatu kanggo dheweke.
“Kabeh kuwi wis takdire Kang
Maha Kuwasa Nduk, dudu salahe sopo-sopo,” ngono pituture kabeh sedulur lan
tangga teparone.
Nanging Wita during biso nampa
kanyatan kuwi, dheweke nangis nganti pirang-pirang dino ing ngarep kuburane
kang ibu.
“Wit….opo Wita ora eman karo kang Ibu?” Anita kang dadi
kanca sebangkune ing sekolahan nyoba ngrerimuk atine. Anita nyritakake uripe
kang wiwit cilik ora ketunggon ibu. Ibune tilar donya nalika nglairake adine
kang wektu semono umure isih telung tahun. Rasa syukur kanggone Anita, ono
simbahe kang biso ngganteni momong dheweke lan adine. Nanging nalika Anita
kelas papat, simbah kakunge sedo, uripe gumantung marang simbah putri. Kanggo
mbantu simbahe, Anita ngrewangi gawe jajanan pasar sing dadi pakaryane simbah
putrine lan saben esuk ngeterake ing warung-warung. Pakaryan kuwi dilakoni
Anita nganti seprene, malah saiki anggone dodolan uga lewat sosial media ngenut
majune teknologi.
Crita saka Anita kang saksuwene iki ora dimangerteni dening
Wita lan kanca-kancane dadi awal semangate Wita iso pulih lan dheweke gelem
mlebu sekolah maneh. Wita pengin ibune seneng ing alam seje ndeleng dheweke
nerusake bakate. Nalika asil lomba kang dieloni Wita diandharake sakbubare
upacara bendera, pranyata dheweke kasil dadi juara siji lan bakal makili nang
tingkat propinsi lan ugo kasil mlebu tiga besar tingkat propinsi.
“Matur nuwun ya An, wis
ngelingake aku,” Wita ngajak Anita nalika nampa piala lan bebungah saka
sekolahane.
Piala lan piagam iku saiki
ngrenggane kamare ing sacedhake lukisan dheweke lan bapak ibune. Lukisan kang
digawe ibune nalika umure sepuluh tahun minangka hadiah ulang tahune.
“Dadio bocah kang tansah
andhap asor lan eling marang Gusti Kang Maha Kuwasa” Ukara kang ngrenggani
ing suwalike lukisan, pesene kang ibu kanggo Wita.