Senin, 17 Agustus 2020

Cerita Cekak

Ketemu Ing Awang-Awang


 

            Rasa adem wis krasa ing balung sumsum nandakake yen wektu wis ngancik tengah wengi. Namging Ranti isih durung menyat saka meja kayu kang ana ing pinggir jendela kamare. Cahya padhang cumlorot saka layar laptop nuduhake yen dhewekw isih makarya ing tengah wengi ing mangsa ketiga. Rasa adem kaya-kaya ora dirasa ing kulite, buku-buku kandel iku luwih akeh nyedot kawigatene tinimbang bantal lan guling kang bisa dadi tambane lungkrahe badan kang nggarap tugas wengi kuwi.

“Tok...tok..tok, keprungu lawang kamare ditotok saka njaba, age-age Ranti mbukakake lawang.

“Ibu dereng sare?” Andini klunuh-klunuh mlebu ing kamare ibune lan merusake olehe turu. Ranti tumuli nutup lawang lan gedheg-gedheg deleng Andini kang mung pindhan turu ing kamare.

Andini kang saiki wis dudu bocah cilik maneh kuwi pancen asring tengah wengi pindhah turu ing kamare ibune. Minangka putra ragil, pancen dheweke katon isih mbocahi lan asring aleman. Ranti dhewe nydhari yen kuwi mono barang lumrah, opo maneh kang putri wuragil kuwi ora suwe olehe ketunggon ramane. Nalika iku Andini isih umur patang tahunan, Bapake pamitan arep makarya ono ing pulau Kalimantan. Ora ono kang nyana yen nganti saiki ora ono kabar kang gumathok ono ngendi parane bapake Andini. Upaya golek warta ngenani garwane wis ora kurang-kurang dilakoni dening Ranti, wiwit kirim layang nganti nggoleki alamat kanca-kanacane kang mbiyen dadi mitra kenthele Sardi bojone. Ora cukup setaun rong taun olehe ngupaya nglacak papan dununge garwane, nanging kabeh amung muspra kagawa angin. Ranti mandeg anggone nggoleki kabar nalika wis ngancik patang taun Sardi ora aweh kabar. Dheweke amung bisa pasrah marang lelakone uripe, putra putine luwih butuh panggulawenthah ketimbang ngarep-arep Sardi kang ora ono kabar kang gumathok.

Ora gantalan suwe Ranti njejeri Andini mapan ono ing sandinge sawise mberesi buku lan piranti liyane. Ora butuh wektu suwe dheweke wis ono ing alam pangimpen.

            Drrtttt..drrtttt...drrttt...., suara geter iku ngagetake Ranti kan age-age menyat lan niliki handphone kang diselehake ono meja. Dheweke naliti siji-siji pesen kang wis akeh ono ing grup Whasapp lan Telegram. Sewengi wae wis ono atusan pesen kang durung kewaca. Gandheng wektu wis wayahe makarya, mula dheweke mung nggatekake pesen kang ono gandheng cenenge karo tugas sing digarap nganti wengi. Tugas kang digarap nganti lembur kuwi saka anggone melu pelatihan kanthi media online. Pelatihan kang diadani dening Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan(Kemdikbud) saka informasi ono ing grup penulis kang dieloni dheweke. Ranti rumangsa seneng akeh manfaat kang dirasakake anggone melu grup nulis. Akeh ilmu kang ditularake dening kanca-kanca grup kang akeh-akehe ya dadi guru. Ora mung carane nulis lan nerbitake buku, nanging akeh pawarta lan kawruh kang migunani.

            Kahanan kang lagi dadi pagebluk ing donga saiki yaiku anane pandemi amarga virus kang arane Covid-19, ndadekake pakaryan mulange ora diadani ing kelas, nanging nganggo sistem Pembelajaran Jarak Jauh(PJJ). Kamangka akeh wong tuwa siswa siswane kang ora duweni handphone kang bisa kanggo piranti lancare PJJ. Mula iku, Ranti kang moro ing omahe siswa siswane kanthi giliran.Ono limang kelompok siswa kang dianaake ono ing omahe salah sijine siswa mau kanggo aweh piwulangan lan ngumpulake tagihan tugas sadurunge. Saben kelompok udakara siswa 6 utawa 7. Kanthi cara mangkono, wong tuwane siswa-siswane ora rumangsa abot amarga ora duweni handphhone kang pinter.

            “Diko, Andini... ibu budhal sik yo, iki lho sarapane wis cumepak ono meja,” Ranti nuli pamit karo putra putrine nalika budhal makarya. Gusti pancen Maha Welas lan Asih, nalika dheweke wis ora duwe pengarep-arep baline Sardi, rejeki awujud katrima dadi PNS minangka guru SD tumiba ing awake. Ikhtiar anggone sinau ngadepi ujian seleksi CPNS nemoni takdire. Ngabdi dadi guru honorer suwene nem tahun kanggo nyukupi butuhe lan anak-anake isih kudu disambi gawe jajanan kang dititipake ono ing warung-warung. Bedjo dene saiki dheweke wis iso konsentrasi anggone mulang kanthi gaji kang murwat lan nyukupi kebutuhane, cukup kanggo biaya sekolah Diko lan Andini. Diko kang saiki wis dadi mahasiswa semester 5 lan Andini wis kelas 11 SMA.

            Amarga ing mangsa pandemi iki, akeh pelatihan-pelatihan kang dianakake kanthi onlie, pelatihan kang bisa nambahi ilmu lan kompetensine para guru kanggo bekal mulang kanthi cara online. Kaya kang dieloni Ranti yaiku ngenani mulang kanthi piranti teknologi digital. Dheweke kang durung terampil nggunaake maneka aplikasi rumangsa butuh pelatihan kuwi. Kudu gelem sinau meneh lan nydiani wektu kang mirunggan kanggo maca modul-modul lan uga nggarap tugas tertulis lan tugas awujud karya kang migunakake teknologi informasi. Kebeneran tugas sing mbengi digarap yaiku gawe Media Pembelajaran Interaktif nganggo aplikasi kang durung tau dikenal. Ranti kudu maca kanthi permati lan nggatekake video tutorial kang ono ing pelatihan. Ora cukup sepisan anggone nyoba gawe tugas kasebut, telung dina dheweke nyoba lan ngapiki karyane supaya ora nguciwani hasile.

            Awan kuwi, dheweke eling mau ono kanca pelatihan kang aweh saran kanggo ngudari alangan kang ditemoni nalika gawe tugas. Kanca kang asale saka wilayah Indonesia bagian timur kuwi kerep diskusi karo dheweke. Mesti wae Ranti rumangsa kebantu, kanca kang akeh-akehe guru kang umure luwih enom timbang dheweke lan pangerten ngenani teknologi informasi luwih jembar. Ranti akeh ngangsu kawruh marang kanca-kanca ing grup pelatihane, semono uga kanca kang aran Beny saka Nusa Tenggara. Kaya pesen kang esok kuwi ditampa Ranti, Beny ngelingake ngenani jadwal ujian akhir pelatihan kang bakal diadani ing dino sesuk. Ranti kudu nyiapake kanthi premati supaya hasil ujiane lulus kanthi biji kang ora nguciwani.

Umur kang wis ora enom ndadekaake dheweke ora percaya karo awake dhewe. Pikiran kang wis ora iso konsentrasi kaya dhek isih kuliah biyen, akeh bab kang dipikir mesti mbutuhake kudu asring maca materi lan ngeling-eling langkah-langkah ing tugas kang digawe. Duweni kanca saka meh kabeh propinsi minangka nambahi semangate Ranti, bisa kenal karo kanca-kanca lan tambah maneka kawruh kang banget migunani. Kanca kang mung dikenal ing awang-awang iku pada aweh semangat ngrampungake pelatihan lan aweh solusi kanggo kanca kang nemoni alangan. Padha donga dinonga kanggo suksese hasil pelatihan lan oleh ilmu kang migunani.

            “Bu....sampun ndalu, sare rumiyin, sinaune ngenjang malih,” ora ngerti kapan Diko njejeri dheweke ing kusi ngrep televisi kuwi. Ngerti-ngerti Diko wis lungguh ing jejere lan nggawa wedang teh anget.

“Nembe jam sepuluh kok Dik, nek Diko wis ngantuk yo bubuk ndisik, ibu isih ngrampungke sak modul meneh,”

“Ibu niku lho, kok leh semangat temen, ngalahake kancane Diko kuliah,” ibu lan anak kuwi padha gumuyu bareng.

“Lha ibu ki rak wis ora enom, dadi sinaune yo luwih suwe ben ojo kelalen ngono lho Dik.”

“Nopo niku wajib to Bu?” Diko rumangsa penasaran karo semangate ibune.

“Yo ora, wong tak deleng nang grup ki sak kabupaten kene yo ibu dhewekan sing melu, nanging ibu rak pengin iso gawe Video lan Media Pembelajaran sing melu perkembangan jaman ngono lho,” Ranti njlentrehake tujuane melu peltihan marang putrane.

Semangate Ranti pancen gedhe lan kanthi usaha kang tumemen, ndadekakae Diko kepengin nduweni semangat kang kaya ibune. Umur lan akehe pakaryan seban dino ora ndadekake alangan kanggo ngansu kawruh, kabeh gumantung marang niat lan usahane.  

 

                                                                                                

4 komentar:

  1. Luar biasa buk.. Keren..bhsa jawa..
    Smngat.. Dinakhir kisah kok sama .. Anaku jg bil begitu.. Buk kpn slesai nulisnya..hehe

    BalasHapus

Koneksi Antar Materi 2.3 Coaching Untuk Supervisi Akademik

  COACHING UNTUK SUPERVISI AKADEMIK A.       Paradigma Berfikir Coaching 1.        Paradigma berpikir yang pertama adalah fokus pada  co...